Sabtu, 08 November 2014

Pranatacara Upacara Adat Jawa



Pranatacara Lamaran

Assalamu`alikum Wr. Wb.

Para aji sepuh, kasepuhan, miwah pinisepuh  ingkang satuhu minulyeng budi, para tamu ingkang satuhu kinurmatan. Sumangga kula dherekaken ngaturaken puji pangalembana miwah syukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad, nenggih Pangeran ingkang Mahawelas lan asih, awit saking kanugrahanipun kula miwah panjenengan saged makempal ing dalemipun Bapak-Ibu Rejasa Saperlu paring pangestu tumindakipun adicara lamaran ing wanci menika.

Keparenga kula ingkang kapatah pamengku gati kinen nderekaken gatining laksana ing wanci menika. Menggah tata rakiting titi laksana rinacik mekaten:

1.      Kapurwakan kanthi pambuka,

2.      Saparipurnaning pambuka, ngancik adicara kaping kalih nun inggih atur pambagyaharja,

3.      Titi laksana ingkang kaping tiga, nun inggih atur panglamar,

4.    Salajengipun, adicara ingkang kaping sekawan, nun inggih atur panampi

5.   Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.

Mekaten kalawau menggah tata rakiting adicara ing wanci menika. Sumangga tumapak adicara purwaka, adicara binuka kanthi pandonga dhumateng Pangeran mrih rahayu karsa. Ndedonga kula dherekaken. Sumangga!

Matur nuwun, mugi Gusti kang Mahakawasa kersa paring sih nugraha satemah tumapaking karya saged kalis sambekala. Para tamu ingkang kinurmatan, sawetawis panjenengan lenggah, pramila kepareng ingkang hamengku gati, nun inggih Bapak-Ibu Rejasa badhe ngaturaken pambagyaharja. Ingkang minangka wakilipun nun inggih Bapak Sutrisna. Dhumateng Bapak Sutrisna sumangga! Dene Bapak-Ibu Rejasa kepareng jumeneng ngampingi Bapak Sutrisna.

Matur nuwun wonten ngarsaning Bapak Sutrisna, tumuli ngancik adicara ingkang angka tiga inggih menika atur panglamar. Pramila dhumateng Bapak Andhi minagka tetungguling lampah kepareng jengkar saking palenggahan, tumuju papan sasana pandayawara. Dene Bapak-Ibu Susila, nun inggih calon besan kepareng ngamping Bapak Andhi. Sumangga!

Matur nuwun dhumateng Bapak Andhi ingkang sampun paring atur lamaran. Tumuli Bapak-Ibu Rejasa badhe ngaturaken atur panampi lamaran, ingkang minagka badaling wacana sinambeting raga inggih menika Bapak Amin. Dhumateng Bapak Amin, sumangga!

Sampun paripurna anggenipun Bapak Amin ngaturaken atur panampi lamaran. Dene adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup. Sumangga adicara menika katutup kanthi waosan hamdallah sesarengan. Sumangga! Kula pribadi minagka pranatacara, kalamun wonten kithaling basa, ceweting ukara, mugi para paduka para tamu kersa paring pangaksama. Nuwun.

Wassalamu`alikum Wr. Wb.
Pranatacara Siraman
Katuran dumateng Bapa dalah biyung kinasih lenggah ing damper ingkang sampun katata kanti laksana. Bapa lenggah ing sakiwa tengening penganten.
Sakderengipun jinamas ing warih, risang bagus/Ni mas Calon temanten putra/putri ing ngarsanipun Bapa dalah biyung kinasih nyuwun idi pangestu dalah nyuwun agunging pangaksama mring ingkang rama miwah biyung kinasih. Awit calon temanten putra/putri badhe lumebet ing bebrayan enggal.
Tangkeping asta sarwa sumembah ing pepedaning ingkang rama dalah biyung, Calon temanten putri hangaturaken :
Rama dalah biyung kinasih, kula ngaturaken sungkem pangabekti saha nyuwun agunging pangaksama sedaya kalepatan kula, sarta nyuwun tambahing pandonga pangestu anggen kula badhe dhaup palakrama kaliyan …………………..
Ngger,  putraku/putriku, dak tampa pangabektimu. Wis dadi kewajiban wong tuwa loro manggulo wentah kowe yo ngger putraku/putriku, Yen ono nakale lan wangkaling anak iku wis lumrah. Ora ono kaluputan sing kok sandang, kalamun lego lilo aku lan ibumu paring pangapuro. Dak paringi pangestu anggonmu arep jejodoan, tak dongakno  mring Gusti kang Mahakuwasa mugo-mugo bgyo mulyo uripmu sempulur nganti sak lawase.
Sanadyano mboten namung meniko ingkang putra/putri sumungkem ing pepadanira ingkang rama dalah biyung. Nanging raosing penggalih ingkang rama dalah biyung satuhu beda.  Tatkala sinembah pepadane, kadya sinendhal mayang bathine. Trenyuh jroning wardaya. Trenyuhing nala ingkang datan sinayudan, satemah rama dalah biyung kuwawa ngampah tumetesing waspa. Luh marawayan, tumetes tinampi kanthi lumahing asta mring kang putra. Minangka pratandha tumuruning nugraha, bilih ingkang rama dalah biyung ingkang sampun paring idi palilah, miwah pangestu dhumateng kang putra hanggenira arsa dhaup palakrama.
Paripurna ngabekti ing pepadanira ingkang rama kakung dalah biyung kinasih, Kang Putra calon temanten mring ingkang rama dalah biyung lumampah tumuju sasana jamas pasiraman.
Amrih samekta miwah gangsar samudayanipun, keparenga kula aturi uninga bilih ingkang badhe paring jamas pasiraman samangke inggih menika, para pepundhen, para pini sepuh, pitu cacahipun. Pinilih gunggung pitu amrih risang calon pinanganten putra/putri tansah pikantuh pitulungan, kinasih ing sasama, cinaket mring Gusti.
Para pepundhen dalah pinisepuh ingkang kula aturaken kala wau inggih menika:
1. Rama…………..
2. Biyung…………
3. Eyang…………
Keparenga dumateng para pepundhen, para pinisepuh kasuwun pangestunipun paring jamas pasiraman dhumateng risang calon pinananganten putra/putri.
1. Ingkang sepindhah paring jamas pasiraman nun inggih Rama kakung ……………… kanthi kebak ing pangati-ati, sarwa sarwi binarung donga suci lumebering toya waradung saranduning sarira risang bagus/ahayu. Ancles kadya siniram tirta sawindu, mahanani, ayem,temtrem sajroning nala.
2. Ing kaping kalehipun, kasuwun ibu biyung kinasih paring pangestu sesuci, age-age marepegi ingkang putra/putri. Kebak ing sutresna, jinamas ing warih risang calon pianganten putra/putri. Waradin ing sarira saking pucuking rikma dumugi samparaning rissang bagus/ahayu.

3. Salajengipun keparenga ingkang Eyang, nun inggih Eyang …………………………… paring pangestu dhumateng wayah, kanthi pangestu suci dhiri karana paring jamas pasiraman toya suci perwita adi. Ketang tresnaning eyang marang wayah, sakderengipun angguyur toya paring puji pandonga rahayu. Kanthi pinaringan toya perwita sari mugiya calon pinanganten putra/putri hayem, tentrem, kadya pinaringan pangayoman risang bagus/ahayu mring ingkang eyang dupi pinaringan pamuji donga miwah siniram ing warih suci.

4.  Katuran dumateng…….
Mugi risang bagus/ahayu saged kasawaban mring kawegigan miwah kawicaksanan. Satemah ing tembe saged kasil ing babagan pakaryan.

5. Katuran dumateng ibu……….. paring jamas pasiraman, mugi Calon pinanganten putra/putri sageta nderekaken sun tuladanaipun ibu…..

6. Keparenga ibu……….. mugi calon pinanganten saged nulad mring ibu……………

7.  Ingkang pungkasan kasuwun dumateng ibu ………………….. paring idi pangestu dalah  paring jamas pasiraman, mugya pinanganten putri saged handerekaken hambangun kulawarga ingkang bagya mulya.

Jangkep pitu cacahe para pepundhen paring jamas pasiraman. Mugi-mugi suci lahir lan bathine risang bagus/ahayu satemah madhep mantep anggenipun calon pinanganten ing dinten benjang badhe nglampahi upacara suci sarta sakral agung inggih punika adicara palakrama. Mawantu-wantu Bapak/Ibu ………… ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, Muhung Gusti Kang Maha mirah ingkang badhe males luhuring budi panjenengan sadaya. Amin.

SESUCI MECAH KEDHI

Saklajengipun Bapak ………….. paring toya sesuci ingkang mijil saking telengih kendhi pratala. Kendhi wus ngarani wadhah, pratala ateges lemah. Ilining toya boten pedhot mratandahani. Sempulur ing karahayon, sempulur anggenipun kagungan kersa, sempulur ing sandang, boga, donya brana. Kanthi sesucen menika, mugi-mugi risang bagus/ahayu anggenipun badhe ngayahi wajib, kalis ing godha rencana, kalis ing sambikala, hamung rahayu kang bakal tinemu.

PANGKAS RIKMA

Titi laksana salajengipun nun inggih Bpk ………. arsa mangkas rikmane ingkang putra/putri.

”Niat ingsun ngethok rikmamu angger putraku/nduk putriku, muga-muga dadiya pratandha sempuluring tuwuhmu, wilujeng, rahayu, wiwit saiki putra/putriku wis dewasa uwal saka pangkoning rama lan ibu”

Pangkasan rikma winadhah ing bokor, tinampi dening ingkang ibu. Mugi risang putra/ahayu nyembadani kekudanganipun ingkang rama miwah ibu kadidene sasmita pangkas rikma nun inggih wiwit samenika risang bagus/ahayu samekta bawa priangga kalamun sampun kulawarga mangun gesang tembayatan kaliyan ingkang garwa,

PONDHONGAN

Rama kakung tumindak bopong pungkasan, ingkang paring sasmita hambok bilih  ing dinten menika rama kakung saged mbopong putra/putrinipun ingkang pungkasan.

”Niat ingsun mbopong putra/putriku, iki dadiya bopong kang pungkasan, sabanjure putra/putriku bisa bawa  priyangga urip tembayatan karo garwamu, kacukupan ing sandhang boga, bisaa nemu mulya lan raharja ”.

NANEM RIKMA

”Niat ingsun nanem rikmane putra/putriku, kabeh lelakon kang kepungkur wis kapendhem, hamung thukula kabecikan tumraping bebrayan, rahayu, widada, nir ing sambi kala ”.

DULANG PUNGKASAN

”Niat ingsun ndulang putra/putriku, pamujiku dulangan iki dadiya dulangan kang pungkasan. Ing sabanjure putra/putriku bisaa madeg ing pribadine dewe, nampa kanugrahaning Gusti, dadiya pangayoming sasama, sempulur ing salawase, widada, nir ing sambikala

SADE DHAWET

Kawuryan Bpk/Ibu ……… sampun miyos saking panti. Ibu ………. ngindhit wakul minangka wadhahing arta asiling sade dhawet. Dene ingkang garwa nenggih Bapak ………. ngasta songsong, kang wus sawega paring pepayung mring kang garwa. Ateges dadi wong tinitah kakung mono kudu bisa paring pengayoman mring ingkang garwa amrih ingkang tinitah wadon ayem, tentrem, kalis saking was sumelang .

Sarwa-sarwi Ibu ……… mundhut dhawet, dhawet kaaturaken Bapak ……………..
” Bapakne, piye rasane ? ”
” Enak tenan , Bune ”

Rame anggenaira antri samya mundhut dhawet,  dadya pratandha kalamun ing dinten benjing, rawuhipun para tamu antri dalidir kadya kang samya mundhut dhawet.

Sarwa-sarwi mirah, hanggenira Ibu ………….sade dhawet, dhawete ayu, manis ing rasa, mila samya suka pari suka ingkang samya antri badhe mundhut dhawet. Mboten wonten ingkang kuciwa ing rasa, samya suka ing nala.

Kajawi punika, sadayan dhawet ugi dados pratandha bilih bpk/ibu ……….. suka dene mring sesami. Satemene sapa wonge murah mring sasama, bakal pinaringan murah mring Gusti kang Maha Kuwasa.

Makaten napa ingkang saget kula aturaken wonten adicara Siraman menika, mboten kesupen kula ing ngriki minangka sesulihipun ingkang hamengku gati, ngambali atur sugeng rawuh sinartan atur agunging panuwun ingkan tanpa pepindang rehning panjenengan para tamu sampun minangkani pamundhutipun Bpk/Ibu …………….

PARA RAWUH PARA LENGGAH

Dening kula nindakaken urut reroncenipun adicara, milai purwa dumugi paripurna tartamtu kathah kekirangananipun ugi kekilafan kula, mila menika kula namung nyenyadhong lumunturing sih samodra pangaksama dumateng ingkang hamengku gati ugi panjenengan sedaya, labed budi daya kula manungsa. Nuwun. 



Pranatacara Temu Manten

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

1. Nuwun, para tamu kakung putri ingkang kinurmatan, pambyawara hangaturaken sugeng rawuh, mugi kepareng hamrayogekaken lelenggahan ngantos titi purnaning pamiwahan ing dinten punika.
Para tamu kakung putri ingkang kawula hormati,
Saderengipun tatacara pamiwahan kawiwitan, pambyawara kepareng hangaturaken rerantaman adicara pamiwahan ingkang badhe linampahan ing dinten punika:
1) Lenggahanipun temanten putri
2) Rawuhipun temanten kakung
3) Mlebetipun temanten dhateng pasamuwan
4) Pasrahan temanten kakung
5) Panampining pasrah
6) Adicara panggih
7) Adicara kacar-kucur
8) Rawuhipun tamu besan
9) Adicara pangabekten
10) Adicara atur pambagya harja
11) Adicara kirab
12) Adicara paring nursitawara
13) Purnaning pamiwahan
Pambyawara maos rerantaman adicara ingkang baku-baku kemawon.
Makaten rerantamaning adicara pamiwahan ing dinten punika. Wasana mugi kepareng hamrayogekaken lenggah, sinambi amidhangetaken laras ing pradangga anguyu-uyu. Nuwun.

2. Ngacarani Lenggahipun Temanten Putri
Kula nuwun, para tamu kakung putri ingkang kawula hormati,
Temanten putri sampun purna ngadi busana. Kairingaken dening Ibu Sri Supanti, kakanthi Ibu Widarti lan Ibu Widarsi, kadherekaken sawetawis paraga temanten putri tumunten badhe miyos lenggah ing palenggahan temanten. Miyosing temanten karengga ketawang Puspawarna, Laras Slendro pathet manyura. Sumangga.

3. Ngacarani Rawuhipun Temanten Kakung
Nuwun para tamu kakung putri, temanten kakung sapendherek sampun kepareng rawuh. Rawuhipun temanten kabiwadha Lancaran Kebogiro Pelog Pathet barang, sumangga.

4. Ngacarani Mlebetipun Temanten dhateng Pasamuwan
Para tamu kakung putri, temanten kakung sapendherekipun sampun tata rakit ing wiwaraning pasamuwan. Ingkang punika paraga ingkang kajibah sumangga kemunten keparenga hangacarani rawuhipun temanten ing pasamuwan. Tindakipun temanten kabiwadha ungeling Ladrang Wilujeng Bedhayan, Laras Pelog pathet barang. Sumangga.

5. Ngacarani Pasrahan Temanten Kakung
Bapa Suratman, sampun samapta ing karya. Samanten ugi Bapa Surono Dibyo Susilo, Bapa Sumarno, Bapa Widodo sarta Bapa Bambang Prasetya sampun siyaga tumanggaping damel. Awit saking punika wanci kaaturaken ing ngarsanipun Bapa Suratman. Sumangga.

6. Ngacarani Panampining Pasrah
Sampun purna paring pangandikanipun Bapa Suratman hamasrahaken temanten kakung. Pasrahing temanten nunten katampi dening Bapa Rukmanto Sudirahusada lumantar panjenenganipun Bapa Surono Dibyo Susilo wanci kaaturaken. Sumangga.

7. Ngacarani Adicara Panggih
Para tamu kakung putri, tumunten badhe katindakaken adicara panggihing temanten. Paraga ingkang tinanggenah keparenga nyawisaken pirantos sacekapipun. Panggihing temanten karigenaken dening Ibu Sri Supanti. Awit saking punika Ibu Sri Supanti keparenga nganthi temanten putri anuju dhateng papaning panggih. Para tamu kasuwun paringipun puji pangestu dhumateng temanten kekalih. Panggihing temanten kabiwadha ungeling gendhing Monggang kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang. Sumanggga.

8. Ngacarani Adicara Kacar-Kucur
Para tamu kakung putri, adicara panggihing temanten sampun tumapak kanthi prayogi, wilujeng nir ing sambikala. Salajengipun konjuk ngarsanipun Ibu Sri Supanti keparenga nglajengaken adicara kacar-kucur tuwin adicara adat saperlunipun.

9. Ngacarani Rawuhipun Tamu Besan
Kula nuwun para tamu, wit saking notoling manah kepengin paring pangestu dhateng temanten kekalih sarta raket rumaketing bebesanan, Bapak Ibu Warsono Sastro Hadi Kusuma kepareng rawuh ing pasamuwan punika. Ingkang tinanggenah keparenga hangacarani rawuhipun tamu besan. Mrih renggeping swasana, rawuhipun Besan kinurmatan Ladrang Tirtakencana, Laras Pelog Nem. Sumangga.

10. Ngacarani Adicara Pangabekten
Sanggya para tamu, kadang besan sutresna panjenenganipun Bapak Ibu Warsono Sastro Hadi Kusuma sampun lenggah aben ajeng kaliyan panjenenganipun Bapak Ibu Rukmanto Sudirahusada wonten sasana ingkang sampun sumadya, keparenging sedya badhe hanampi sungkeming putra temanten sarimbit. Dhumateng para-para ingkang piniji rahayuning sedya kasumanggakaken. Tumapaking adicara sungkeman binarung ungeling Ladrang Mugi Rahayu laras slendro pathet manyura. Sumangga.

11. Ngacarani Adicara Atur Pambagya
Para tamu kakung sumawana putri, panjenenganipun Bapa Rukmanto Sudirahusada badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngaturaken pambagyaharja, miwah wudharing gantha, lekas wekasing sedya, wigatosing gati. Inggih kabekta saking raos bombong miwah mongkoging manah, karana karoban ing sih sedaya ingkang sampun kepareng hanjenengi, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyos ing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, mila lajeng hanyaraya dhumateng panjenenganipun Bapa Tukijo Djoko Suhardjo. Ing salajengipun dhumateng para-para ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakaken. Sumangga.

12. Ngacarani Adicara Kirab Kanarendran
Sanggya para tamu, keparenging sedya temanten sarimbit badhe jengkar saking sasana wiwaha, arsa kinirapaken wonten ngarsaning para tamu, tumunten manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran, santun busana ksatriyan. Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kados-kados sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, menggah kaleksananing sedya kawula sumanggakaken dhumateng para-para ingkang piniji. Jengkaring Sang Suba Manggala, lamun cinandra kawistara piyaking ngarsa tangkep ing wuri Gendhing Ayak-ayakan laras pelog pathet barang. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana wiwaha tumuju sasana busana binarung ungeling Ketawang Langenggita Sri Narendra laras pelog pathet barang. Sumangga.

13. Ngacarani Adicara Kirab Kasatriyan
Para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu sagunging pakurmatan, kados-kados putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna, keparenging sedya badhe marak sowan malih ngabyantara para tamu, saperlu nyenyadhang pudyastawa mrih widadaning bebrayan. Kirabing putra temanten ngrasuk busana kasatriyan kabiwadha ungeling Ketawang Subakastawa laras slendro pathet sanga. Sumangga.

14. Ngacarani Adicara Paring Nursitawara
Para tamu kakung putri,
Temanten kekalih sampun sowan ing ngarsa. Clereting netra kawistara, agung nggenya angantu-antu paring panjenengan puji pangastuti, widadaning lampah, tulusing parasdya, anggenya mangun brayat, winisudha sinengkakaken ing tataran wredha, werdine pan kedah mandireng priyangga. Meh antuka kalidamar, pandham margining agesang bebrayan, mila kasuwun panjenenganipun Bapa Sumantri paring ular-ular dhumateng temanten kekalih, sumarambah ing sadayanipun.
Wasana, sumangga.

15. Purnaning Pamiwahan
Makaten para tamu kakung putri, mliginipun dhateng temanten kekalih. Mugi dadosa bundhelan adi, gegaran nggayuh widadaning palakrama. Kados sampun boten worsuh panampi panjenengan. Kantun keparenga sami angecakaken ing gesang bebrayan.
Minangka pratandha paripurnaning pasamuwan pamiwahan, kalanipun ingkang amengku karya, tuwin temanten kekalih sampun samapta anguntapaken konduripun para tamu ing sangandhaping wiwara pamiwahan. Konjuk ngarsanipun ibu Sri Supanti, juru mratitisaken wiraga temanten kekalih, keparenga temanten kekalih kakanthi tinuju dhateng wiwaraning sasana pamiwahan, saperlu nguntapaken konduripun para tamu.
Para tamu kakung putri,

Pamiwahan sampun paripurna.
Lumantar pambyawara, ingkang amangku karya hamangsuli hangaturaken gunging panuwun, awit paring panjenengan bebantu rupi punapa kemawon. Sadaya kiranging boja lan krami, keparenga paring agunging pangaksama.
Mligenipun tumrap jasad kula, Pambyawara, kathah saru-siku, temah tan bangkit adamel rena, kula nyuwun lumunturing pangaksama. Nuwun sugeng kondur dhumateng para tamu sadaya.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Pranatacara Bubak Kawah

 Amestuti wasita adi sabdaning para winasis, dupi wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing nugraha saking Gusti ingkang Maha Asih, mangkana ta wau ingkang hamengku karsa nun inggih Bapak miwah Ibu……….. sigra jumangkah anetepi darmaning agesang, wigati amberat sakathahing durgama, jer katemben ( pungkasan ) anggenira amiwaha putra mahargya siwi, kanthi sarana ambukak kawah.
( ingkang hamengku karsa ambuka tutuping kendhaga )
Wusnya binuka warana tutuping sesaji, tinon kendhaga kalih winor ing cahya sumunu, sajuga winastan kendhaga kencana, dene ingkang sawiji winastan kendhaga mulya, jroning kendhaga kawistara sunar warni seta myang rekta,
Ingkang seta sinebat cupu adi mandhalika, dumadi saking pakartining bapa, ingkang rekta sinebat cupu manic asta gina dumadi saking pakartining biyung,
Kacarita duk kalaning bapa……….. murweng resmi ing garwa, amarengi tumuruning wahyu jati sih nugrahaning Ywang Agung, kama awarni seta manunggak kang awarna rekta, nulya ibu………….. kaparengkaken anggarbini,
Antuk sacandra denira anggarbini ponang dat mulya ngambah alam ekakamandanu, dwicandra dumugi alam dwipanunggal, tricandra ing alam trilokamaya, ugi winastan alam Gondar-gandir, alam keliwat gawat, ingkang minta wewekaning rena,
Tulus lestari gya ngambah alam caturhanggajati, wulagang neng guwa garba, dinayan ing sarining pratiwi, bahni, banyu, miwah bayu, jangkep caturcandra, pinaringan gana bau.
Pancacandra ngancik loka pancayitmajati, sadcandra pinaringan sipat jangkep, mungging sadlokajati.
Saptakawasajati yeku alaming ponang jabang inkang wus saptacandra, wus ginadhuhan pancadriya, mila kalamun mesat saking guwa garbaning rena, sampun bangkit waluya jati, jati temah waluya.
Kocapa ing kalanira dereng wanci tumelunging wahyu tumulung amila kaki / nini jabang aneras nggenira yoga brata, sadhakep saluku tunggal, ngeningken pancadriya, papat binerat, sajuga sinidikara, anut laksitaning bratajaya, anenggih bajra herawana.
Tinampi samadinira, kapyarsa lamat swara dumeling sasmita wasitaning sang Kwaseng Gesang. Wudhar denira samadi ring loka hasthasabdajati, amarengi kalaning asthacandra winahya,
Nawacandra wus kamarga, andungkap dasaarine, saking loka nawapurnajati, sumeleng suwung wiyose, myak langse gendhala giri, saking tuwa garba mesat, prapteng alam padhang lokapana, acecala sabda mulya cenger.
Wijilira sinarengan kadang catur, sajuga mijil saking jaja, tri mijil saking margina, kakang kawah , rahmuka miwah adhi ari-ari.
Jabang ambabar putri, wanci sapeken kaparenging rama ibu tinengeran Rara……..
Enggaling kang sinursita, wit wekel taliti talaten anggenira anglelinthing anggulawentah, sarta pamarsudinipun ing reh kasarasan, kawasisan, katrampilan kagunan, miwah kasusilan satatakramanipun, putra putri  wulagang dadya Kenya dewasa, seger saras jiwa raga, susila, prasaja, anggung gambira, wasis trampil, sinembuh ing sulistya,
Amarengi ari piniji surya pinilih, miwah wulan dalah warsa winanci, sang dyah sembada jinatukrama dening sang satriya sumbaga wiratama ingkang wus sahabipraya kekasih bagus……….. atmajanipun Bapak saha Ibu……….
Mangkana ta wau saparipurnaning prastawa tuhu wigati wiwahaharja, panganten putri sinaratan bubak kawah, ingkang esthinira ambrastha saliring durgama, mbengkas sagunging saru siku, anyenyandhang nugraha rajarha bagya mulya.
Panganten sarimbit nulya samya lenggah jajar sumandhing, sesarengan anguningani isining kendhaga kencana sarta kendhaga mulya.
Sri pengantin wus tunggil tekade saiyeg saekakapti amangun brayan darmaning tumuwuh, rama ibu, para sepuh warga gotrah sumawana kadang mitra tuwin ingkang sudi sredha angestreni, samya menembrama mangastukara mangastuti manungku puji mrih kang tigas kawiwaha pinaringan wilujeng ing donya tuwin akherat, jejeg jumangkah , jajag jumujug, kang jinangka, bagya, bagya, sumbaga, sumbagya, anggung lumantar, lumintir, miwah lumuntur kanugrahan ira.
Kasigeg panindaking upacara bubak kawah, kirang jangkeping atur, kaladuk, dalasan lepating pangroncenipun tembung, ukara, miwah basa, mugi-mugi sampun andadosaken kiranging tangkepipun pamengku, saha salajengipun kaparengna tadhah tetesing pangaksama.



Pranatacara Mitoni


Assalamu’alaikum
Kawula Nuwun
Wonten ngarsanipun para pinisepuh ingkang tansah sinudarsana.
Dhumateng bapak Munir mingangka pangarsa dhusun ingkang kinurmatan.
Dhumateng para rawuh bapak saha ibu ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kawula dherakaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang amurba amasesa, ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya saengga saged makempal wonten ing paapn menika kanthi saras saha boten wonten alangan punapa. Amin.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Saderengipun adicara mitoni ing dinten menika dipunwiwiti, kawula minangka pambiwara badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampah, kirang langkung mekaten:

1.Pambuka
2.Atur pambagyaharja   dening pamengku            gati
3.Siraman
4.Brojolan
5.Medhot janur
6.Gantos busana
7.Mecah siwur
8.Dodolan dhawe
9. Panutup
Para rawuh ingkang minulya,

Sumangga adicara mitoni ing dinten menika kita wiwiti kanthi  waosan basmalah sesarangan.
     Mugi-mugi adicara ing dinten menika kita saged kalampahan kanthi sae lan gancar, boten wonten alangan setunggal punapa. Amin.
Menggah adicara ingkang angka kalih nun inggih atur pambagyaharja dening pamengku gati, dhumateng Bapak Mahsun kawula sumanggakaken.
Maturnuwun dhumateng Bapak Mahsun ingkang sampun paring atur pambagyaharja.
Para rawuh ingkang minulya,
Adicara salajengipun inggih menika siraman. Dhumateng bapak Mahsun minangka tiyang sepuh saking ibu Lina, kawlua sumanggakaken murwakani siraman. Salajengipun kawula sumanggakaken dhumateng  ibu Sri, dipunlajengaken Ibu Erna saha Ibu Titin, ingkang pungkasan kawula sumanggakaken ibu siti. Kaaturaken agunging panuwun dhumateng bapak saha ibu ingkang sampun katuran adicara siraman.
       Adicara ingkang kaping sekaewan inggih menika brojolan klapa gadhing cacah kalih ingkang dipungambari Kamajaya kaliyan Kamaratih ingkang ngemot kekarepan supados putra/putri saged lair bagus utawi ayu.
Kasumanggakaken dhumateng Bapak Mahsun minangka tiyang sepuh saha Ibu Sri ingkang badhe anadhahi klapa ingkang kabrojolaken. Klapa gadhing ingkang kaparingaken calon ramanipun minangka pralambang supados nglairaken putra samangke boten wonten alangan setunggal punapa.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Adicara salajengipun nun inggih medhot janur. Medhot janur menika minangka pralambang wajibing tiyang kakung ngilangi sedaya pepalang ing gesang bebrayan.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika gantos busana saha dipunlajengaken adicara kaping pitu inggih menika mecah siwur.
Para rawuh ingkang minulya,
Adicara ingkang kaping wolu inggih menika dodol dhawet, dhumateng para rawuh sedaya kawula sumanggakaken mundhut dhawet kaliyan rama lan ibu kanthi ngginakaken kreweng ingkang sampun cumawis.
Mekaten kala wau adicara mitoni ing diten menika, kawula minangka pambiwara, mbok bilih wonten klenta klentuning atur ingkang kirang mranani ing manah panjenengan sedaya, kawula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama, mekaten atur kawula.
Matur nuwun



Wassalamu’alaikum wr wb.












Pranatacara Tumplak Punjen
Cekaking atur bilih upacara TUMPLAK PUNJEN punika satunggaling kabudayan Jawi ingkang adi luhung, liripun upacara punika mengku sasmita; antawisipun
1.     Dados srana donga pamuji atur panuwun wonten ngarsa Dalem Pangeran
2.     Dados srana nelakaken raos bingahing manah, awit saged nuntasaken tugas lan kewajiban jejering tiyang sepuh ( saged peputra, lan saged nggulawenthah,lan mala kramakaken para putra )
3.     Dados srana anggenipun saged mbagi kabingahan dumateng para putra tuwin para kadang kinasih, inggih sedherek lan tangga tepalih
4.     Dados srana pangajabing tiyang sepuh,.mligi kangge para putra wayah, kanthi mbagi udhik-udhik
5.     Tumrap para putra wayah dados srana anggenipun sami nelakaken raos bingah bilih rama ibu kaparingan panjang yuswa
Pramila tradisi punika satunggal pemut dumateng sok sintena, nalika sami nnampi kanugrahan inggih punika GESANG. Mila ujaring para winasis tradisi adat punika sageda dados tuntunan, totonan, sumrambahipun mligi kagem para putra wayah anggenipun nelakaken kabungahan wekdal semanten.
Pramila wonten ingkang adicara tumplak punjen, tatalaksitaning upacara sarta ubarampe dados lambang ingkang kebaging samudana. Kados:.
1.     Sungkeman para putra, kinarya pratanda anggenipun caos bekti, saha anggenipun ngurmati dumateng rama lan ibunipun
2.     Paringipun anggi-anggi dhumateng para putra, kinarya tanda anggenipun rama-ibu anglintiraken kabingahan lan kabegjanipun
3.     Nyebar udhik-udik kinathi tanda anggenipun tresna asih dumateng para wayah-wayahipun
Yen miturut gotheking ngakathah bilih upacara tumplak punjen ugi dados srana paring pusaka adi, tumusing anggenipun paring sabdatama kados ingkang dipun paringaken Rama Ibu Prop Dr. Bambang Sumiarto  dumateng para putra-putrinipun ing wanci punika, kinanthi candra sengkala , “ARUM ILANG TANPA NETRA”. Ingkang mengku werdi, bilih kasaenan ingkang sampun kawentar, datan wurung badhe ical tanpa lari jer boten linambaran saking telenging manah. Mula lajeng tumusing piweling:
1.     NGLUHURNA MRING AllAHIRA
2.     NGLUHURNA WONG TUWANIRA
3.     AJA LALI MARANG SEDULURIRA
4.     TUMINDAK,TUMANDUK MRIH ARUMING BUDI
5.     JAGANEN JEJEGING KAUTAMAN
( Gesang kedah ngluhuraken Allah, tiyang sepuh, sederekipun sumrambah ing sesami. Tuwin tansah ngupadi jejeging kautaman)
Ubarampe Upacara:
Anggi-anggi punika wujudipun: arta, wujud wiji kados upami uwos / beras, dhele, tholo, kacang ijo lan jagung, sarta kunir ( kaparut), dlingo bengle kairis-iris, lan sekar setaman. ingkang dipun lebetaken kanthong utawi srana sanesipun
Dene anggi-anggi kapilah dados kalih:
1.     ingkang dipun wadhahi kanthong, mligi kagem para putra lan putra mantu, sarta putra ragil ingkang krama wekdal semanten
2.     ingkang dipun wadhahi bokor/cupu , mligi kagem para wayah, sarta ingkang mbetahaken
Tata upacaranipun Tumplak Punjen

Upcara punika dipun tindakaken sasampunipun upacara kacar-kucur dhahar klimah, nanging saderengipun sungkeman manten.
Dene urutanipun inggih punika:
1.     para putra lan putra mantu, sami sowan jengkeng lan sungkem rama ibunipun
2.     yen sampun dipun sungkemi tiyang sepuh lajeng maringi kanthong anggi-anggi wau,
3.     salajengipun tiyang sepuh maringaken dhateng putra ing nembe krama. Ugi lumantar wakil ( putranipun ingkang dipun sepuhaken) maringi sedherek-sedherekipun ingkang sampun  dipun sametakaken
4.     kantun piyambah, maringaken anggi-anggi  kagem para wayah, kanthi cara anggi-anggi ingkang wonten cupu dipun sebaraken, para wayah sami ngrayah. Kanthun piyambah cupu wau lajeng dipun tumplak (dipun kurepaken) kanthi ngendika “WIS RAMPUNG” Dene anggenipun numplak ing jogan sangajenging putra manten lenggah (siniwaka) , Inggih kanthi makaten numplak cupu/bokor dados werdining upacara tumplak punjen
5.     salajengipun nembe methuk besan. Lajeng putra penganten sami sungkem rama ibunipun.
makaten ingkang saged kula aturaken, kirang langkungipun kula sumanggakaken para sutresna budayan. Nuwun
Pranatacara Tedhak Sinten
Assalamualaikum wr.wb
            Kawilujengan kabagas warasan saha katentreman hawit sih rahmating Gusti ingkang ngurwatani jagat, mugi tansah kasarira dhumateng kula kaliyan panjenengan sedaya.
Para sesepuh saha para tamu ingkang tansah winantu ing suka basuki, sumangga kula dherekaken panjenengan sedaya ngunjukaken raos sukur wonten ngarsaning Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat kaliyan hidayah dhumateng kula tuwin panjenengan sedaya satemah kita sedaya saged makempal wonten ing dalemipun Bapak Nursalim saperlu mangeti adicara tedhak siti kangge putranipun Bapak Nursalim inggih punika Ade Marofiq.
Kaparenga kula Evi Yuliana minangka cumanthaka , kinen nglantaraken rantaman adicara tedhak siti ing sonten punika :
Sepisan, nun inggih     : Pambuka
Kaping kalih                : Atur pambagyaharja saking sohibul hajat
Kaping tiga                 : Acara inti inggih punika tedhak siti
Kaping sekawan          : Panutup

            Bapak/ Ibu ingkang sami rawuh, mekaten rantaman adicara Tedhak siti ing sonten punika. Sakderengipun adicara tedhak siti dipunwiwiti sumangga sareng-sareng maos basmalah : Bismilla hirahman nirrohim.
Bapak/ibu ingkang kinurmatan, adicara salajengipun inggih punika atur pambagyaharja dening sohibul hajat Bapak Nur salim, kula sumanggakaken. Nuwun
Wassalamualaikum Wr.Wb














Tidak ada komentar:

Posting Komentar